Selasa, 14 Oktober 2008

SUMPAH PALAPA

Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”

Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.

Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.

Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.

Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.

Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.

Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.

Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.

Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.

Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.

Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.

Senin, 13 Oktober 2008

MASA TUA

Ana telung prakara kang mrebawani owahing mental.


Pawongan kang kapribadene seneng marang gegayuhan sing dhuwur saengga rumangsa diburu wektu, adhakan luwih gampang stress, mutungan, ora jenjem, lan rumangsa disepelekake ing kahanan adi yuswane. Mungguh wong kang kapribadene anteng, luwih gampang ngrasa syukur marang apa kang tinampa lan bisa memikir kang prayoga ing kala ngancik tataran adiyuswa.


Sosial. Patrap sosialisasi kang kurang becik bisa ndayani ora prayoga anggone mapanake dhiri nalika wis adiyuswa. Tundhone banjur nganggep wis wis ora ana gunane mulane dadi nglokro utawa patrape dadi ora gati marang bebrayan umume.


Budaya. Budaya kulonan asring nganggep adiyuswa ora piguna sarta dadi sanggane kulawarga utawa bebrayan. Bab iki ndadekake sing wis sepuh banjur nduweni mental kang kurang becik. Dene budaya wetanan luwih ngajeni wong tuwa lan nganggep para sepuh iku minangka wong kang wicaksana lan pantes dadi panutan.

Rabu, 24 September 2008

Sing sapa ora gelem gawe becik marang liyan, aja ngarep-arep yen bakal oleh pitulungan ing liyan

Wong ala iku lamun kuwasa banjur sawiyah-wiyah nguja hawa napsune, lan uga ngagung-agungake penguwasane, mula aja nganti wong ala bisa nyekel penguwasa

Wong ala samangsa kuwasa aja dicedhaki, sebab mbilaheni, saya mundhak angkara murkane, lan meneh bakal dienggo srana menangake kang ala mau

Wong kang rumangsa nindakake panggawe kang kurang prayoga, nanging emoh mareni, iku aja dicedhaki, mundhak nulari

Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik, kosok baline yen wong becik kang kuwasa, kang becik iku kang ditindhakake

( Ki Ageng Gribig)


Terjemahan :

Barang siapa tidak mau berbuat baik terhadap orang lain, janganlah mengharap pertolongan pada orang lain

Orang jahat kalau berkuasa akan bertindak sewenang-wenang, melampiaskan hawa nafsunya dan membanggakan kekuasaannya, oleh karena itu, jangan sampai ada orang jahat memegang kekuasaan

Orang jahat kalau berkuasa jangan didekati, sebab membahayakan, ia akan tambah angkara murkanya, lagi pula engkau akan dipakai sebagai sarana untuk memenangkan kejahatannya itu

Orang yang merasa menjalankan pekerjaan yang tidak sepantasnya, tetapi tidak mau mengakhiri, jangan didekati, agar tidak ketularan

Orang yang jahat kalau berkuasa, segala yang jelek dikatakan baik, sebaliknya kalau orang baik-baik berkuasa, maka hal-hal yang baiklah yang dijalankan


Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga, cipta, jiwa rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahing manon

Sembah raja punika
Pakartine wong amagang laku
Sesucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
Wantu wataking weweton

(serat Wedhatama)


Terjemahan :

Sekarang saya berkata
Empat sembah yang bisa meresap
Pertama: raga, cipta, jiwa dan rasa
Bila sudah tercapai
Bertanda kebesaran Tuhan

Sembah raja itu
Perbuatan orang menjadi calon
Pembersihnya dengan air
Yang biasa lima waktu
Merupakan sifat aturan


PAMANTHENGING CIPTA

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
 cegah dhahar lawan guling

  (Serat Wulangreh)



Terjemahan :

Sebaiknya merenung
Dalam hati supaya mendapat ketajaman batin
Jangan terlalu berpesta pora
Kepandaian itu perlu diusahakan
Orang harus mengendalikan diri
Dengan mengurangi makan dan tidur

3 pegangan para satria jawa

Lila lamun kelangan ora gegetun
Trima yen ketaman sakserik sameng dumadi
Tri lagawa nalangsa srah ing bathara


Terjemahan :

Rela apabila kehilangan tidak kecewa
Menerima bila mendapat cobaan yang menyakitkan hati
Ikhlas, menyerahkan pada Tuhan

JAMAN EDAN

Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
milu edan nora tahan
yen tan milu anglakoni
boya kaduman melik
kaliren wekasanipun
ndilalah karsa Allah
begja begjane kang lali
luwih begja kang eling lan waspada

(Serat Kalatidha. Ranggawarsito)


Terjemahan :

Hidup dalam jaman edan memang repot
Akan mengikuti tidak sampai hati
Tetapi kalau tidak mengikuti geraknya jaman
Tidak mendapat apapun juga
Akhirnya dapat menderita kelaparan
Tapi sudah menjadi kehendak Tuhan
Bagaimanapun juga walaupun orang yang lupa itu bahagia
Tapi masih lebih bahagia lagi orang yang senantiasa ingat dan waspada